- Depan
- Tampilkan Konten
Bacaan Talqin Bahasa Jawa
Bacaan Talqin Bahasa Jawa
۞
Teks Bacaan Talqin banyak ragamnya. Berikut ini Teks Bacaan Talqin Berbahasa Jawa :
۞
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيمِ
لآاِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُۥ لَاشَرِيْكَ لَهُ . لَهُ المُلْكُ وَلَهُ الحَمْدُ يُحْيِى وَيُمِيْتُ وَهُوَ حَيٌّ دَائِمٌ لَايَمُوتُ بِيَدِهِ الْخَيْرُ وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْئٍ قَدِيرٌ. كُلُّ شَيْئٍ هَالِكٌ اِلَا وَجْهَهُ. لَهُ الْحُكْمُ وَاِلَيْهِ تُرْجَعُونَ. كُلُّ نَفْسٍ ذَائِقَةُ المَوْتِ. وَاِنَّمَا تُوَفَّوۡنَ اُجُوۡرَكُمْ يَوۡمَ الْقِيَامَةِ. فَمَنْ زُحْزِحَ عَنِ النَّاسِ وَاُدْخِلَ الْجَنَّةَ فَقَدْ فَازَ. وَمَاالْحَيٰوةُ الدُّنْيَا اِلَّا مَتَاعُ الغُرُورِ. مِنْهَا خَلَقْنَاكُمْ. فِيْهَا نُعِيْدُكُمْ. وَمِنْهَا نُخْرِجُكُمْ تَارَةً اُخْرَى. مِنْهَاخَلَقْنَاكُمْ لِلْأَجْرِ وَالثَّوَابِ. وَفِيهَا نُعِيدُكُمْ لِلدُّوْدِ والتُّرَابِ. وَمِنْهَا نُخْرِجُكُمْ لِلْعَرْضِ وَالْحِسَابِ. بِسْمِ اللّٰه وَبِاللّٰه وَمِنَ اللّٰه وَاِلَى اللّٰه وَعَلَى مِلَّةِ رَسُوْلِ اللّٰهِ صَلَّى اللّٰهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ. هَذَامَا وَعَدَ الرَّحْمٰنُ وَصَدَقَ الْمُرْسَلُونَ. اِنْ كَانَتْ اِلَّا صَيْحَةً وَاحِدَةً فَاِذَا هُمْ جَمِيعٌ لَدَيْنَا مُحْضَرُوْنَ.
۞
He…………….. bin / binti ………… Saiki siro wus ninggalake ndunyo tumuju marang alam kubur, mulo siro ojo nganti lali karo janjimu dene ora ono Pengeran kejobo Gusti Alloh lan Nabi Muhammad iku utusane Alloh.
Sa’iki siro manggon ing panggonan sing ora mbok kenal, mulo yen ono Malaikate Alloh loro takon marang siro, ojo nganti siro wedi lan ndredeg. Mangertio siro, Malaikat loro itu yo podo-podo makhluke Alloh. Yen Malaikat loro iku teko lan ngelungguhake siro, sarto takon mangkene : He manungso! Sopo pengeranmu?, opo Agomomu?, Sopo Nabimu?, opo aqidahmu (I’tiqodmu)?, ngendi kiblatmu? lan opo sing mbok ucapake naliko siro urip lan mati?. Mulo jawaben kanti teges lan mantep Alloh Pengeranku. Yen siro ditakoni ambal kaping pindo, mulo jawaben Alloh Pengeranku, Yen pitakone diambali maneh kang kaping telu, mulo jawaben kanti teges dan mantep ora perlu wedi : Alloh Pengeranku, Islam Agamaku, nabi Muhammad Nabiku, Kitab Al-Qur’an panutanku, Ka’bah kiblatku, sholat limang wektu kewajibanku, muslimin-muslimat sedulurku, urip lan patiku tansah netepi :
۞
لَا اِلٰهَ اِلَّا اللّٰه مُحَمَّدٌ رَسُوْلُ اللّٰه
۞
He ………….. bin / binti …………..! Gondelono temenan hujjah sing wis tak ajarake marang siro iki. Elingo menowo siro wus manggon ing Alam Barzah tumeko kiamat, yo iku wektu poro makhluk ditangeake songko kubure.
Ngertio!, menowo pati iku haq, Alam kubur iku haq, nikmate Alloh iku haq, sikso kubur iku haq, pitakone Malaikat Munkar-Nakir iku haq, dino ditangeake makhluq iku haq, hisab iku haq, syafaat kanjeng Nabi Muhammad iku haq, surgo iku haq, neroko iku haq, ketemu Gusti Alloh iku haq lan Alloh bakal nangeake menungso songko kubur iku haq.
۞
نَسْتَوْدِعُكَ اللّٰهُمَّ يَا أَنِيْسَ كُلِّ وَحِيْدٍ. وَيَا حَاضِرًا لَيْسَ بِغَائِبٍ آنِسْ وَحْدَتَنَا وَوَحْدَتَهُ. وَارْحَمْ غُرْبَتَنَا وَغُرْبَتَهُ. وَلَقِّنْهُ حُجَّتَهُ وَلَا تَفْتِنَّا بَعْدَهُ وَاغْفِرْ لَنَا وَلَهُ يَا رَبَّ العَالَمِيْنَ. وَصَلَّى اللّٰهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِۦ وَصَحْبِهِۦ وَسَلَّمْ وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
۞
آمِيْنَ



- Komentar (0)
Maaf Tidak Ada...Beri Komentar